▪︎Cara Memilih Burung Prekutut Yang Baik Menurut Primbon Jawa :
▪︎Katuranggane Manuk Prekutut▪︎
1 . Manuk Prekutut Kang Becik Katuranggane :
- Perkutut Srimangempel : Kukune driji karo lan jempol karo padha putih aran (Srimangempel) ingon-ingone wong tani,kang ngingu katutungan karepe .
- Perkutut Wisnuwicitra : Cucuk lan sikile semu ireng,aran (Wisnuwicitra) kang ngingu rahayu slamet sakehing rencana ora tumamam .
- Perkutut Wisnumangenu : Semu ireng sakojur awake, aran (Wisnumangenu) ingon - ingoning priyayi,Srikempel kang ngingu akeh rejekine .
- Perkutut Kusumawicitra : Cucuk lan sikile putih,aran (Kusumawicitra) kang ngingu akeh rejekine lan karepe dadi .
- Perkutut Pandhawa Mijil : Buntute lare ana 15 aran (Pandhawa Mijil) kang ngingu keringan .
- Perkutut Purnama Sidi : Mata abang sumorot kocak kaya mirah,aran (Purnama Sidi) kang ngingu wingit akeh wong asih .
- Perkutut Mercujiwa : Mata kuning jait sumorot aran (Mercujiwa) kang ngingu diluluti wong,nekakake rejeki lan slamet,Dene yen kuninging mata terus ing brotol,sakehing becik dadi siji iku ingon-ingon Ratu .
- Saranduning awak putih,uga Mustikaning manuk ingon-ingoning Ratu .
- Perkutut Minebgedhong : Sore muni,aran (Minebgedhong) aweh donya maring kang ngingu .
- Perkutut Gedhong Menga : Esuk muni mbarengi wetuning srengenge aran (Gedhong Menga) kang ngingu rahayu slamet,bisa simpen mas picis .
- Perkutut Wisnumurti : Mata,cucuk lan sikilie ireng aran (Wisnumurti) iku ingon-ingoning Ratu kena kanggo tumbal .
- Perkutut Udanmas : Ules semu kuning sarta kalung aran (Udanmas) kang ngingu akeh rejekine begjane tutug .
- Widahsanagastagasti : Unine sungsang aran (Widahsanagastagasti) becik banget kang ngingu katekan karepe,sabarang sanggup,kinasihan wong .
- Yen Perkutut Muncis : kang ngingu ayem ayom slamet,ingon - ingoning Bupati,diwedeni wong .
- Muni ngelik-elik lan becik rupane : rahayu kang ngingu,yen kanggo pikat olehan .
- Kang murub kaya geni becik manone : kang ngingu sugih lan karepe tinekan, nemu rahayu slamet .
- Kang landhane kanggo adus .
2 . Manuk Perkutut Kang Ala Katuranggane :
- Ules semu abang aran Bramasulur, kang ngingu kerep lara .
- Ules napas aran Bramalabuhgeni, Panas boros kang ngingu, lan nyenyengit dhemen padu .
- Kuku putih drijine sapuluh, aran Bramakala, adoh rejekine lan kerep kasusahan kang ngingu .
- Raine putih terus ing cangkeme, aran Bramakokap, manuk iku kudu arep weruh getihe kang ngingu .
- Yen awan bengi muni aran Drugangerik, adoh rejekine kang ngingu, kerep tukaran lan anak bojo, sarta karep kepaten .
- Muni tengah wengi aran Druganguwuh, kang ngigu suda rejekine wayang-wayang lanang wadon genten lara .
- Laklakan karo putih, aran Sengkalapipit, kang ngingu tansah benceng pikir kerep padu .
- Yen lare salembar putih ana ing geger, aran Sanggabuwana, adoh rejekine lan kang ngingu kerep susah, atine mbesiwit kleru tampa .
- Brumbun wulune, aran Cendhalasabda, kang ngingu wicarane ala. Manuk mau yen kanggo mikat kerep olehan .
- Gentane semu ireng, aran Wisnutinundhung, apa sasedyane kang ngingu ora katurutan lan karep keluputan .
3 . Tangguhing Manuk Perkutut :
▪︎Manuk Prekutut Padha Ndhuweni Tangguh Ora Beda Karo Wesi Aji▪︎
- Ules wungu terus ing gentane, iku tangguh Pajajaran .
- Ules ijo dumeling teris ing gentane, iku turune Ki Jaka Mangu tangguh Majapahit .
- Abang sikile terus ing gentane sarta ing tlapukane, ngemprit gantil sawangane (memper manuk prigantil utawa kudasih pasemone) iku tangguh Tuban .
- Sikil semu putih terus marang gentane, cucuk cendhak, iku tangguh Mataram .
- Sikil blawus terus marang gentane sarta talapukane, iku tanggu Panjang .
- Sikil putih semu klawu terus ing gentane sarta talapukane, nanging abange enom, iku tangguh Demak .
4 . Loloh Tambane Manuk Prekutut :
- Supaya Bungkak (enggal muni), kemukus 2, trasi abang sawatara, godhong lampes 3 lembar, uyah sawatara kapipis, lolohna .
- Supaya Adhem Lan Sareh, kleyang katu 3 lembar, sawang, trasi abang, ketumbar, lenga klethik lan uyah, akeh sathithike nyawatara sapantese, kapipis lolohna .
- Supaya Lengane Yen Muni, godong katu 3 lembar, uler lulut, yuyu, lumut, genthong lan uyah, keh sathithik nyawatara, sapantese bae, kapipis lolohna .
- Uga Supaya Bungkak Maneh, bung kang timonga, atine bawang putih, godhong lampes 3 lembar, trasi abang lan uyah, keh sathithik nyawatara dapantese bae, kapipis lolohna .
- Supaya Bocor bawang putih, atining kencur, mrica, sulah, trasi abang , lung pare bilungan lan uyah, keh sathithik nyawatara sapantese bae, kapipis lolohna .
- Lawas Kendhak Ora Muni, kupinge kilenana nganggo lenga wangi lan bung ori .
- Wis Muni Nanging Ijih Wedi, sikle lan silite dilateng, latenge kaglintir .
- Manuk Ora Tutut, saben sore diuwel, usapana banyu sathithik, banjur munggela lung gadhung, tlutuhe tetesna ing cucungure manuk, mung satetes bae, manuk enggal muni .
- Supaya Mbangetake (mbocorake) uni, dhakel kajar, kembang pala sabrang 14 lembar, bawang 3 siyung, cengkeh 3, kabeh isekna ing dhangkel kajar, banur kabenem, yen wis mateng kapipis, banjur kaepe nganti garing, banjur lolohna sawatara .
5 . Tambane Pilaren :
- Pilaren Matane, bawang pinanggang sinipatake kaleletake, matane ing wayah isuk .
- Pilaren Lare, landha awu jangkal lan leri bungkak didusake .
- Pilaren Sikile, lenga wangi angus dandang, usapna sikile .
- Pilaren Wulune, leri bungkak kango ngekum kacang ijo, banjur didusi saben esuk, sawise didusi manuke banjur dianget-angetake ing geni utawa diglintiri lolohna 2 glintir bae .
- Pilaren Buntute, mrica kang putih, kamamah lan lempuyang banjur diulet diglintir lolohna 2 glintir bae .
6 . Tamba lelayu :
- Bawang putih, lampes, mrica, trasi abang, lan uyah akeh sathithik nyawatara sapantese bae, banjur kapipis dicampuri tai mendhil saglintir lolohna .
- Bawang putih, uyah trasi abang, dhedhes lan kembang suruh diulet-ulet lolohna, keh sathithike nyawantara sapantese bae .

Tidak ada komentar:
Posting Komentar